Basa Jawa
·
Pacelathon
Tema: Bresih dhusun
Kadhusunan Bergas
Pak RT : “ Assalamualaikum, Pak Kades!
Sugeng ndalu!”
Pak Kades : “ Waalaikumsalam, Pak! Sugemg Ndalu!
Wonten punapa?”
Pak RT : “ Kula badhe ngrembug babagan kadhusunan mbenjang
kaliyan panjenengan”
Pak Kades : “ Nggih, mangga pinarak rumiyin”
Pak RT : “ Matur nuwun. Ngoten, Pak, kangge kadhusunan kula
badhe ngawontenaken arak-arakan kadhusunan kaliyan wayang kulit”
Pak Kades : “ Oh, Nggih, kula sarujuk kaliyan panjenengan.
Arak-arakanipun tinda-tindak tabuh pinten?”
Pak RT : “ Arak-arakanipun tindak antawis tabuh pitu enjang”
Pak Kades : “ Lajeng wayang kulit tabuh pinten?”
Pak RT : “ Wayang kulit dipunwiwiti tabuh sedasa ndalu”
Pak Kades : “ Nggih-nggih”
Pak RT : “ Sampun, Pak,
kula badhe wangsul rumiyin amargi sampun ndalu sanget. Sugeng ndalu, Pak!”
Pak Kades : “ Nggih, mangga. Atos-atos, Pak!”
·
Geguritan
Tema:
Kaendahan Alam
Alamku
Pari ijo royo-royo
Hawane kang nentremake ati
Sumilir angin adhem rasane
Senenge aku nyawang alamku
Langit
birune kaya samudra
Gunung-gunung
tansah lestari
Sawah
anggone para tani
Anggone tani
nandur pari
Alamku tansah lestari
Bakal takjaga nganti aku mati
Alam kang ngaendahake bumi iki
Alam panguripanku
·
Upacara
adat
Sekaten
Wonten Ngayogyakarta saben tanggal 5 wulan Mulud warga
Ngayogyakarta ngawontenaken upacara adat sekaten kangge mangeti dinten
miyosipun Nabi Muhammad saw. Wonten upacara mmenika kathah iring-iringan
ingkang dipuniringi gamelan kangge dipuntabuh wiwit Bangsal Ponconiti ngantos
Masjid Agung dangunipun pitung dinten.
Puckipun adicara inggih menika grebeg muludan ingkang
wonten gunungan kaliyan lawuhipn, woh-wohan, janganan, kaliyan palapendhem.
Adicara sekaten dipunpungkasani kanthi ringgit utawi bedhol songsong kaliyan
Pasar Malem Perayaan Sekate (PMPS).
0 komentar :
Posting Komentar