PIDHATO BASA JAWA
Pidhato utawa sesorah iku ana rong
jinis, yaiku kanthi lisan lan tulisan. Teknik pidato ana rong tahapan, yaiku
persiapan lan nyampekna pidato.
Tahap persiapan iku
ana 3 babagan, yaiku:
1. Nyiapke topik lan
bahan,
2. Nulis surasane
pidhato,
3. Gawe naskah pidato
Tuladha pidhato:
Sugeng
siang,
Matur nuwun dhumateng pranata
adicara sampun maringi wekdal kangge kula ngaturi tanggap sabda “Sinten Tiyang
Ingkang Wajib Dados Guru”.
Sumangga sesarengan kita aturaken
muji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung amargi sampun paring keslametan.
Ingkang
kula kurmati Bapak Bambang Sudiro, M.Pd. minangka Kepala Seksi Pendidikan Dasar
dan Menengah. Ingkang kula kurmati Bapak Suroni, S.Pd. minangka pengawas
sekolah wonten lingkup SMP. Ingkang kula kurmati Dra. Tatik Arlinawati, M.Pd.
minangka Kepala SMP N 3 Ungaran. Ingkang kula kurmati guru se-Kecamatan
Ungaran. Kula aturaken panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh wonten
adicara punika.
Bapak
kaliyan Ibu guru inkang kinurmatan, wonten ing serat wirid Hidayat Jati
anggitanipun R.Ng. Ranggawarsita dipun sebataken bilih pratelanipun wajibing
tiyang dados guru punika wonten wolung perkawis. Wolung perkawis inggih punika
bangsaning sujana, bangsaning ngawirya, bangsaning ngagama, bangsaning supunya,
bangsaning ngatapa, bangsaning ngaguna, bangsaningprawira, saha bangsaning
supatya. Salah satunggalipun tuladha bangsaning supatya tegesipun bangsa tani
ingkang temen.
Dene
panganggening tiyang dados guru ugi wonten wolung perkawis inggih punika
paramasastra, paramakawi, mardibasa, mardawalagu, hawicarita, mandraguna,
nawungkridha, saha sambegana. Salah satunggaling tuladha inggih punika
sambegana ingkang tegesipun engetan.
Sedaya
ingkang kawula aturaken wonten nginggil punika kaserat wonten ing serat wirid
angka satunggal. Mugi-mugi menawi guru punika saged nggadahi perkawis-perkawis
ingkang kasebat wonten nginggil, kedadosan ingkang boten mesthinipun nemahi
dhateng guru mokal kalampahan.
Minangka
panutup atur, menawi anggenipun kula matur wonten kalepatan kula nyuwun
pangapunten.
Matur
nuwun,
Sugeng
siang.
0 komentar :
Posting Komentar